PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kisah 20:22, 23
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Saiki tulung gatèkna, nurut karepé roh suci, aku kudu lunga menyang Yérusalèm. Ning, aku ora ngerti apa sing bakal tak alami ing kana. 23 Aku mung ngerti nèk ing saben kutha, roh suci bola-bali ngandhani aku nèk aku bakal dipenjara lan ngalami kesengsaraan.+

  • Kisah 21:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Dhèwèké marani aku lan sedulur-sedulur lan njupuk sabuké Paulus. Sabuk mau ditalèkké ing sikil lan tangané dhéwé. Terus, dhèwèké kandha, ”Iki sing diomongké liwat roh suci, ’Wong sing nduwé sabuk iki bakal ditalèni kaya ngéné karo wong-wong Yahudi ing Yérusalèm.+ Dhèwèké ya bakal diserahké marang wong-wong saka bangsa liya.’”+

  • 2 Korintus 11:23-28
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 23 Apa wong-wong kuwi abdiné Kristus? Aku bakal ngomong kaya wong sing ora waras, aku luwih hébat timbang wong-wong kuwi. Aku nyambut gawé luwih tenanan,+ luwih kerep dipenjara,+ digebugi bola-bali nganti ora isa diétung, lan kerep mèh mati.+ 24 Wis ping lima aku digebugi wong Yahudi,+ lan saben digebugi, aku digebugi nganti ping 39. 25 Ping telu aku digebugi nganggo tongkat,+ ping pisan dibandhemi* watu,+ ping telu ngalami kapal karam,+ lan sedina muput ana ing tengah-tengah laut. 26 Ing perjalanan, aku kerep ngadhepi bahaya ing kali lan bahaya saka perampok, wong-wong sing sak bangsa,+ lan wong-wong saka bangsa liya.+ Aku ya ngadhepi bahaya ing kutha,+ ing padhang belantara, ing laut, lan ing antarané sedulur-sedulur palsu. 27 Aku kerep rekasa lan nyambut gawé abot, kerep ora turu,+ ngelak,+ ngelih,* kerep ora nduwé panganan,+ kadhemen, lan kekurangan klambi.*

      28 Sakliyané kuwi, saben dina aku ya kuwatir karo kabèh jemaat.+

  • Kolose 1:24
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Aku bahagia senajan aku ngalami kesengsaraan demi kowé kabèh.+ Merga aku anggota badané Kristus, aku ngrasa nèk aku isih kudu terus ngalami kesengsaraan. Badané Kristus, yaiku jemaat,+ bakal éntuk manfaat merga kesengsaraanku iki.+

  • 2 Timotius 1:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Kuwi sebabé aku sengsara kaya ngéné iki.+ Ning, aku ora isin+ merga aku kenal karo Gusti Allah sing tak percaya. Aku yakin nèk Dhèwèké bakal terus njaga kabèh sing wis tak pasrahké marang Dhèwèké nganti dina kuwi.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim