-
Kisah 10:17-20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Pas Pétrus isih bingung apa artiné wahyu kuwi, wong-wong kongkonané Kornélius sing bar nggolèki omahé Simon akhiré tekan lan lagi ngadeg ing gerbang omahé Simon.+ 18 Wong-wong kuwi ngundang* sing nduwé omah lan takon apa Simon Pétrus nginep ing kono. 19 Wektu Pétrus isih mikirké wahyu mau, roh suci+ ngomong, ”Ana wong telu sing lagi nggolèki kowé. 20 Mula, ndang mudhuna lan lungaa bareng karo wong-wong kuwi. Kowé ora usah ragu-ragu merga aku sing ngutus wong-wong kuwi.”
-