-
Matius 20:20-23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Terus, bojoné Zébédéus+ karo anaké loro marani Yésus. Wong wédok kuwi sujud arep njaluk marang Yésus.+ 21 Yésus takon, ”Kowé arep njaluk apa?” Wong wédok kuwi njawab, ”Aku njaluk bèn anakku loro iki isa lungguh ing cedhakmu ing Kerajaanmu.+ Sing siji ing sisih tengenmu, lan sijiné ing sisih kiwamu.” 22 Yésus njawab, ”Kowé ora ngerti lagi njaluk apa. Apa kowé isa ngombé saka gelas sing arep tak ombé?”+ Wong-wong kuwi njawab, ”Isa.” 23 Yésus kandha, ”Kowé pancèn bakal ngombé saka gelasku.+ Ning, aku ora nduwé wewenang kanggo nentokké sapa sing bakal lungguh ing sisih kiwa utawa tengenku. Wong-wong sing lungguh ing kono wis ditentokké Bapakku.”+
-
-
Lukas 11:49Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
49 Kuwi sebabé Gusti Allah sing wicaksana kandha, ’Aku bakal ngutus nabi-nabi lan rasul-rasul marani wong-wong kuwi, ning ana sing bakal dipatèni lan dianiaya.
-