-
Lukas 23:13-15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Terus, Pilatus nglumpukké para imam kepala, para pemimpin, lan rakyat. 14 Pilatus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Wong iki mbok gawa mréné lan mbok tudhuh ngojok-ojoki wong-wong supaya mbrontak. Ning, deloken! Dhèwèké wis tak takoni ing ngarepmu, ning aku ora nemokké bukti nèk dhèwèké wis nindakké kesalahan kaya sing mbok omongké.+ 15 Sakjané, Hérodès ya ora nemokké kesalahané wong iki. Mula, Hérodès ngongkon bèn wong iki digawa mréné manèh. Wong iki ora nindakké kesalahan sing nggawé dhèwèké pantes dihukum mati.
-