-
Kisah 28:3-6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Ning, wektu Paulus lagi nglumpukké kayu lan ndèlèhké kayu kuwi ing ndhuwur geni, ana ula beracun sing metu saka kayu-kayu merga kepanasen. Ula kuwi nyokot tangané Paulus. 4 Wektu para penduduk mau ndelok ula beracun kuwi nggantung ing tangané Paulus, wong-wong kuwi mulai rasan-rasan, ”Wong iki mesthi tukang matèni. Senajan dhèwèké slamet saka laut, ning Keadilan* ora ngijinké dhèwèké tetep urip.” 5 Ning, Paulus nguncalké ula kuwi ing geni, lan dhèwèké blas ora luka. 6 Wong-wong kuwi ngira nèk tangané Paulus bakal abuh, utawa dhèwèké ujug-ujug mati. Ning sakwisé dientèni rada suwé, jebulé Paulus ora apa-apa. Mula, wong-wong kuwi dadi berubah pikiran lan ngomong nèk Paulus kuwi déwa.
-