-
Kaimaman 3:17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 ”’Ing endi waé kowé manggon, kowé lan kabèh keturunanmu kudu manut peraturan iki nganti sakterusé: Aja nganti kowé mangan gajih utawa getih.’”+
-
-
Kaimaman 7:26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
26 ”’Ing endi waé kowé manggon, kowé ora éntuk mangan getih apa waé,+ ora soal getihé manuk utawa getihé kéwan liyané.
-
-
Kaimaman 17:13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 ”’Nèk ana wong Israèl utawa wong asing sing manggon ing antaramu sing mburu lan nyekel manuk utawa kéwan liyané sing éntuk dipangan, getihé kéwan kuwi kudu diecurké+ lan diurugi lemah.
-
-
1 Samuèl 14:32, 33Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
32 Mula, para prajurit kuwi cepet-cepet njarah, njupuk domba lan sapi, terus kéwan-kéwan kuwi dibelèh ing kono lan dipangan sak getihé.+ 33 Terus Saul éntuk laporan, ”Para prajurit wis dosa marang Yéhuwah merga mangan daging sak getihé.”+ Saul kandha, ”Kowé ora setya. Cepet, glundhungna watu gedhé mréné.”
-