-
Purwaning Dumadi 39:7-9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Suwé-suwé bojoné majikané mulai seneng karo Yusuf lan kandha karo Yusuf, ”Ayo turu* karo aku.” 8 Ning, Yusuf ora gelem. Yusuf kandha, ”Majikanku wis masrahké kabèh sing ana ing omah iki bèn tak urus, lan dhèwèké ora perlu mikirké apa-apa manèh. 9 Aku sing nduwé wewenang paling gedhé ing omah iki. Kabèh wis dipasrahké marang aku kecuali njenengan, merga njenengan bojoné. Ora mungkin aku jahat banget kaya ngono lan nggawé dosa marang Gusti Allah.”+
-
-
1 Korintus 6:9, 10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Apa kowé ora ngerti nèk wong sing ora bener ora bakal nampa warisan Kerajaané Gusti Allah?+ Aja ngapusi awakmu dhéwé.* Wong sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes,*+ wong sing nyembah brahala,+ wong sing laku jina,+ wong lanang sing nindakké hubungan sèks karo wong lanang,*+ 10 wong sing nyolong, wong sing srakah,+ wong sing seneng mabuk,+ wong sing seneng ngrèmèhké,* lan wong sing ngrampok ora bakal nampa warisan Kerajaané Gusti Allah.+
-