25 Ning, Yésus nggetak roh jahat* kuwi, ”Menenga, metua saka wong iki!” 26 Roh jahat* kuwi langsung nggawé wong kuwi kejang-kejang lan mbengok sak banter-banteré. Terus, roh najis kuwi metu saka wong kuwi.
34 Mula, Yésus marèkké akèh wong sing penyakité macem-macem+ lan ngusir akèh roh jahat. Ning, Yésus nglarang roh-roh kuwi ngomong soal dhèwèké, merga roh-roh kuwi ngerti nèk Yésus kuwi Kristus.*