-
Kisah 16:19-21Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Wektu ngerti nèk ora isa éntuk keuntungan manèh saka pembantu wédok kuwi,+ para majikané nangkep Paulus lan Silas. Terus, wong loro kuwi disèrèt menyang pasar lan diadhepké para penguasa.+ 20 Para majikan kuwi nggawa Paulus lan Silas marang para pejabat pengadilan lan kandha, ”Wong-wong Yahudi iki marakké gègèran ing kuthané awaké dhéwé.+ 21 Wong-wong iki mulangké kebiasaan-kebiasaan sing ora éntuk awaké dhéwé tampa utawa tindakké, merga awaké dhéwé wong Romawi.”
-