28 Aja nggumun soal kuwi, merga bakal tekan wektuné kabèh wong sing ana ing njero kuburan* bakal krungu swarané+29 lan metu. Wong-wong sing tumindaké apik bakal urip saklawasé,* ning wong-wong sing tumindaké èlèk bakal diadili.*+
25 Yésus ngomong karo Marta, ”Aku iki sing nguripké manèh lan sing marahi urip.+ Wong sing nduduhké iman marang aku bakal urip manèh senajan wong kuwi wis mati.
12 Terus, Kristus kan wis diuripké manèh saka antarané wong mati,+ lan kuwi sing awaké dhéwé wartakké. Dadi, ngapa kok isih ana sing ngomong nèk wong mati ora bakal diuripké manèh?