24 Wektu kuwi, ana wong Yahudi sing jenengé Apolos+ sing teka ing Éfésus. Dhèwèké kuwi asalé saka Alèksandria. Apolos kuwi wong sing trampil ngomong lan ngerti akèh soal Kitab Suci.
26 Apolos kendel banget wektu ngomong ing sinagogé. Pas Priskila lan Akuila+ krungu apa sing dhèwèké sampèkké, wong loro kuwi ngundang Apolos lan mbantu dhèwèké bèn nduwé pemahaman sing luwih akèh soal dalané Gusti Allah.
19 Jemaat-jemaat ing Asia ngirim salam kanggo kowé. Akuila lan Priska,* bareng karo jemaat sing ngibadah ing omahé,+ ya ngirim salam sing tulus kanggo kowé, merga kowé padha-padha muridé Gusti.