PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 9:23, 24
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 23 Wektu Yésus tekan ing omahé penguasa mau, Yésus ndelok ana wong-wong sing ngunèkké suling, lan akèh wong sing nangis nggero-nggero.+ 24 Yésus kandha, ”Metua. Cah wédok iki ora mati, ning lagi turu.”+ Yésus malah diguyu karo wong-wong kuwi.

  • Yohanes 11:39, 40
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 39 Yésus kandha, ”Glundhungna watuné.” Marta, seduluré wong sing mati mau kandha, ”Gusti, dhèwèké mesthi wis mambu merga wis mati patang dina.” 40 Yésus kandha, ”Aku kan wis ngomong karo kowé, nèk kowé percaya, kowé bakal ndelok kuwasané Gusti Allah sing luar biasa.”+

  • Kisah 9:39, 40
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 39 Pétrus langsung lunga bareng karo wong loro kuwi. Pas wis tekan, Pétrus dijak menyang kamar ndhuwur. Kabèh randha sing ana ing kono nemoni Pétrus. Karo nangis, para randha kuwi nduduhké akèh jubah* lan klambi liyané sing digawé Dorkas wektu isih urip. 40 Sakwisé ngongkon wong-wong metu,+ Pétrus berlutut lan ndonga. Terus, ing ngarepé mayat kuwi Pétrus kandha, ”Tabita, tangia.” Wong wédok kuwi langsung melèk lan ndelok Pétrus, terus wong wédok kuwi lungguh.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim