-
1 Timotius 3:1-7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Sing arep tak omongké iki isa dipercaya: Nèk wong lanang ngupaya dadi pengawas,+ kuwi berarti dhèwèké péngin nindakké gawéan sing apik. 2 Pengawas kudu njaga tumindaké tetep apik bèn ora ana sing nyalahké dhèwèké, bojoné mung siji, isa ngendhalèni kebiasaané, nduwé pertimbangan sing apik,+ tertib, murah hati,+ trampil wektu mulang,+ 3 seneng ngalah,*+ ora seneng mabuk,+ ora kasar, ora seneng padu,+ ora ngutamakké harta,+ 4 isa mimpin* keluargané, nduwé anak-anak sing manut lan tumindaké apik.*+ 5 (Nèk wong lanang ora isa mimpin* keluargané dhéwé, apa dhèwèké isa ngurus jemaaté Gusti Allah?) 6 Wong sing arep dadi pengawas ya dudu wong sing lagi waé dadi wong Kristen,+ bèn dhèwèké ora dadi sombong lan ora nampa hukuman kaya hukuman sing ditampa Iblis. 7 Sakliyané kuwi, dhèwèké ya kudu nduwé réputasi sing apik ing antarané wong-wong sing dudu anggotané jemaat+ bèn dhèwèké ora dirèmèhké* lan ora kena jeraté Iblis.
-
-
Titus 1:5-9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Aku ninggalké kowé ing Pulau Kréta bèn kowé ngurusi masalah sing kudu dirampungké lan nglantik pinituwa-pinituwa ing saben kutha, sesuai karo petunjukku iki: 6 Pengawas kudu njaga tumindaké tetep apik bèn ora ana sing nyalahké dhèwèké, lan bojoné mung siji. Anak-anaké kudu seiman lan ora ditudhuh bejat* utawa seneng mbrontak.+ 7 Merga dadi pengurus sing dilantik Gusti Allah, pengawas kudu njaga tumindaké tetep apik bèn ora ana sing nyalahké dhèwèké, ora tumindak sak karepé dhéwé,+ ora gampang nesu,+ ora seneng mabuk, ora kasar,* ora mata dhuwiten, ora nggolèk untung nganggo cara sing ora jujur, 8 murah hati,+ seneng karo apa sing apik, nduwé pertimbangan sing apik,+ nindakké apa sing bener, setya,+ lan isa ngendhalèni dhiri.+ 9 Wektu mulang, pengawas ya kudu manut karo ajaran sing isa dipercaya,+ bèn dhèwèké isa nguwatké* wong-wong nganggo wulangan sing bener+ lan isa ngélikké+ wong-wong sing nentang wulangan kuwi.
-