-
Roma 2:28, 29Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
28 Kuwi sebabé wong isa dianggep dadi wong Yahudi sing sejati+ dudu merga penampilané utawa merga disunat.+ 29 Ning, wong isa dianggep dadi wong Yahudi sing sejati+ kuwi merga atiné. Tandhané wong Yahudi sing sejati kuwi ana ing atiné.+ Tandha kuwi ana merga roh suci, dudu merga hukum sing ditulis.+ Wong kuwi ora dialem manungsa, ning dialem Gusti Allah.+
-
-
1 Korintus 7:18-20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Apa ana wong sing wis disunat wektu dhèwèké mulai dadi wong percaya?+ Mendhing dhèwèké tetep kaya ngono. Apa ana wong sing durung disunat wektu dhèwèké mulai dadi wong percaya? Mendhing dhèwèké tetep ora disunat.+ 19 Disunat apa ora kuwi ora penting.+ Sing penting kuwi nindakké préntahé Gusti Allah.+ 20 Mendhing saben wong keadaané tetep kaya pas dhèwèké mulai dadi wong percaya.+
-