58 Stéfanus disèrèt menyang njaba kutha, terus dibandhemi* watu.+ Seksi-seksi+ palsu ndèlèhké klambi njabané ing cedhak sikilé cah lanang sing jenengé Saul.+
Kèt dina kuwi, sedulur-sedulur ing Yérusalèm ngalami penganiayaan sing parah. Kabèh murid mlayu menyang dhaérah Yudéa lan Samaria,+ kecuali para rasul.
13 Aku diwènèhi tugas kuwi senajan aku mbiyèn wong sing ngrèmèhké Gusti Allah, nganiaya umaté, lan wong sing sombong banget.+ Wektu kuwi aku ora ngerti apa sing tak tindakké lan aku ora nduwé iman. Ning senajan ngono, Kristus apikan banget karo aku.
15 Kristus Yésus teka menyang donya iki kanggo nylametké wong-wong sing dosa.+ Ing antarané wong-wong kuwi, aku sing paling dosa.+ Sing tak omongké iki bener lan pantes dipercaya.