-
Kisah 21:31-33Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
31 Wektu wong-wong kuwi arep matèni Paulus, salah siji komandan militèr éntuk laporan nèk wong-wong sak Yérusalèm padha gègèr. 32 Mula, dhèwèké cepet-cepet ngejak para prajurit lan perwirané mlayu mrana. Wektu ndelok komandan militèr lan para prajurit kuwi, wong-wong kuwi mandheg nggebugi Paulus.
33 Terus, komandan kuwi nyedhak lan ngongkon bèn Paulus ditangkep lan tangané ditalèni nganggo ranté loro.+ Bar kuwi, dhèwèké takon karo wong-wong sing ana ing kono sapa sakjané wong kuwi lan salahé apa.
-