-
Kisah 28:17-19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Telung dina bar kuwi, Paulus ngundang* para pemimpiné wong Yahudi ing kana. Wektu wong-wong kuwi wis ngumpul, Paulus kandha, ”Sedulur-sedulur, senajan aku ora nglawan bangsa utawa ora nglanggar kebiasaané nènèk moyangé awaké dhéwé,+ ning aku digawa dadi tahanan saka Yérusalèm lan diserahké marang pamréntah Romawi.+ 18 Sakwisé mriksa aku,+ wong Romawi malah péngin mbébaské aku merga ora ana dhasar kanggo ngukum mati aku.+ 19 Ning, merga wong Yahudi ora setuju, aku kepeksa njaluk bandhing marang Kaisar.+ Aku nindakké kuwi dudu merga aku arep nglawan bangsaku.
-