2 Terus, para imam kepala lan para pemimpiné wong Yahudi mènèhi keterangan soal Paulus.+ Wong-wong kuwi terus njaluk marang Fèstus 3 bèn kepénginané dituruti, yaiku ngirim Paulus bali menyang Yérusalèm. Wong-wong kuwi sakjané wis nggawé rencana jahat arep nyerang lan matèni Paulus ing dalan.+