2 Wong-wong bakal ngusir kowé saka sinagogé.*+ Malah, bakal tekan wektuné, wong-wong sing matèni kowé+ bakal ngira nèk wong kuwi wis nindakké tugas suci saka Gusti Allah. 3 Ning, wong-wong kuwi bakal tumindak kaya ngono merga durung kenal karo Bapak lan aku.+
13 Aku diwènèhi tugas kuwi senajan aku mbiyèn wong sing ngrèmèhké Gusti Allah, nganiaya umaté, lan wong sing sombong banget.+ Wektu kuwi aku ora ngerti apa sing tak tindakké lan aku ora nduwé iman. Ning senajan ngono, Kristus apikan banget karo aku.