-
Yohanes 19:10, 11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Mula, Pilatus kandha, ”Apa kowé ora gelem njawab pitakonanku? Apa kowé ora ngerti nèk aku nduwé wewenang kanggo mbébaské kowé utawa kanggo ngukum mati kowé?”* 11 Yésus njawab, ”Nèk Gusti Allah ora mènèhi kowé wewenang, kowé ora bakal isa ngapa-apakké aku. Kuwi sebabé, wong sing nyerahké aku marang kowé dosané luwih gedhé timbang kowé.”
-