37 ”Sakliyané kuwi, aja ngadili wong manèh supaya kowé ora diadili.+ Aja nggolèk-nggolèk kesalahané wong liya bèn wong liya ora nggolèk-nggolèk kesalahanmu. Kowé kudu terus ngapura* bèn kowé ya diapura.*+
4 Kowé kuwi sapa ta kok nganti ngadili abdiné wong liya?+ Majikané kuwi dudu kowé, tapi Gusti Allah. Gusti Allah sing bakal mutuské wong kuwi bener utawa salah.+ Malah, merga Yéhuwah* mbantu dhèwèké, dhèwèké isa dianggep bener.