-
Wahyu 2:26, 27Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
26 Kanggo wong sing menang lan terus nindakké préntahku nganti akhir, dhèwèké bakal tak wènèhi wewenang kanggo mréntah bangsa-bangsa,+ 27 kaya wewenang sing tak tampa saka Bapakku. Wong kuwi bakal ngukum wong-wong nganggo tongkat wesi.*+ Wong-wong sing dihukum kuwi bakal dihancurké kaya wadhah saka tanah liat sing diremuk.
-
-
Wahyu 20:4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Terus aku ndelok takhta-takhta, lan wong-wong sing lungguh ing ndhuwuré diwènèhi kuwasa kanggo ngadili. Aku ya ndelok getihé wong-wong sing dipatèni* merga mènèhi kesaksian soal Yésus lan ngomongké soal Gusti Allah. Wong-wong kuwi ora nyembah kéwan buas kuwi utawa patungé lan ora gelem nampa tandha ing bathuké lan tangané.+ Wong-wong kuwi urip manèh lan dadi raja bareng karo Kristus+ 1.000 taun suwéné.
-