PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Purwaning Dumadi 24:2, 3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Abraham ngomong karo pembantuné sing paling tuwa ing omahé, sing ngurusi kabèh hartané,+ ”Kowé kudu janji karo aku,* 3 lan kowé kudu sumpah demi Yéhuwah, Gusti Allahé langit lan bumi, nèk kowé ora bakal nggolèk wong wédok Kanaan sing manggon ing sekitarku+ bèn dadi bojoné anakku.

  • Pangandharing Torèt 7:3, 4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Aja nikah karo wong saka bangsa-bangsa kuwi. Aja nikahké anak-anakmu wédok karo anak-anaké lanang bangsa kuwi, lan aja nikahké anak-anakmu lanang karo anak-anaké wédok bangsa kuwi.+ 4 Anaké wédok bangsa kuwi bakal nggawé anakmu lanang nyembah allah-allahé bangsa kuwi.+ Terus, Yéhuwah bakal nesu banget karo kowé, lan Dhèwèké bakal langsung nyingkirké kowé.+

  • Néhémia 13:25, 26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 Mula, aku nyenèni lan ngutuki wong-wong Yahudi kuwi, nggebugi sebagéan saka wong-wong kuwi,+ nyabuti rambuté, lan ngongkon wong-wong kuwi sumpah demi Gusti Allah. Aku kandha, ”Kowé kabèh aja nikahké anak-anakmu wédok karo anak-anaké lanang wong-wong kuwi. Kowé lan anak-anakmu lanang ya ora éntuk nikah karo anak-anaké wédok wong-wong kuwi.+ 26 Kuwi ta sing nggawé Salomo raja Israèl nindakké dosa? Saka antarané kabèh bangsa, ora ana raja sing kaya dhèwèké.+ Dhèwèké ditresnani Gusti Allahé,+ nganti Gusti Allah ndadèkké dhèwèké rajané kabèh wong Israèl. Ning, bojo-bojoné Salomo, yaiku wong-wong wédok asing, padha nggawé Salomo nindakké dosa.+

  • 2 Korintus 6:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Aja bersatu karo wong-wong sing ora seiman.+ Apa sing bener lan sing jahat* kuwi padha?+ Apa padhang lan peteng kuwi padha?+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim