15 Nèk sedulurmu tersinggung merga apa sing mbok pangan, kuwi berarti kowé ora nresnani wong liya.+ Kristus wis mati kanggo dhèwèké,+ mula aja ngrusak imané sedulurmu kuwi merga apa sing mbok pangan. 16 Dadi, aja nganti tumindakmu sing apik nggawé wong liya ngomong sing èlèk soal kowé.