29 Aku ngerti nèk sakwisé aku lunga, bakal ana wong-wong sing kaya serigala-serigala sing kejem ing antaramu.+ Wong-wong kuwi ora bakal nduwé rasa mesakké marang jemaat. 30 Malah, saka antaramu dhéwé bakal ana wong-wong sing mulangké ajaran sesat bèn murid-murid dadi pengikuté wong-wong kuwi.+
12 Ing antaramu, ana sing kandha, ”Aku muridé Paulus.” Ana manèh sing kandha, ”Aku muridé Apolos.”+ Sing liyané kandha, ”Aku muridé Kéfas.”* Sing liyané manèh kandha, ”Aku muridé Kristus.”
4Ning, omongané Gusti Allah jelas ngandhani nèk sukmbèn ana wong-wong sing bakal ora nduwé iman manèh, ngrungokké omongan sing ora bener sing kétoké saka Gusti Allah,+ lan ngrungokké ajarané roh-roh jahat.
2Jaman mbiyèn ana nabi-nabi palsu ing antarané umaté Gusti Allah. Ing antaramu ya bakal ana guru-guru palsu.+ Meneng-meneng, wong-wong kuwi bakal nggawé kelompok-kelompok agama sing ngrusak imanmu, lan malah ora ngakoni wong sing nebus* wong-wong kuwi,+ mula wong-wong kuwi bakal ndang disingkirké.