-
Roma 15:18, 19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Aku ora bakal ngomongké soal apa sing wis tak tindakké. Ning, aku mung bakal ngomongké soal apa sing wis diomongké lan ditindakké Kristus liwat aku, supaya aku isa mbantu wong-wong saka bangsa liya bèn manut karo dhèwèké. 19 Wong-wong kuwi manut merga mukjijat+ sing ditindakké nganggo roh suciné Gusti Allah. Mula, ing dhaérah-dhaérah saka Yérusalèm nganti Ilirikum, kabar apik soal Kristus wis tak wartakké nganti rampung.+
-
-
1 Korintus 4:20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Awaké dhéwé manut apa ora karo Kerajaané Gusti Allah kuwi diduduhké dudu liwat omongan, ning liwat tumindak. Kuwi mbuktèkké nèk awaké dhéwé nduwé kuwasané Gusti Allah.
-
-
1 Tésalonika 1:5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Merga wektu aku martakké kabar apik marang kowé, aku ora mung martakké nganggo omongan, ning ya nganggo kuwasa lan roh suci. Aku yakin banget nèk sing tak wartakké marang kowé kuwi bener, lan berita sing tak wartakké kuwi wis akèh mbantu kowé.
-