-
2 Korintus 11:23-27Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Apa wong-wong kuwi abdiné Kristus? Aku bakal ngomong kaya wong sing ora waras, aku luwih hébat timbang wong-wong kuwi. Aku nyambut gawé luwih tenanan,+ luwih kerep dipenjara,+ digebugi bola-bali nganti ora isa diétung, lan kerep mèh mati.+ 24 Wis ping lima aku digebugi wong Yahudi,+ lan saben digebugi, aku digebugi nganti ping 39. 25 Ping telu aku digebugi nganggo tongkat,+ ping pisan dibandhemi* watu,+ ping telu ngalami kapal karam,+ lan sedina muput ana ing tengah-tengah laut. 26 Ing perjalanan, aku kerep ngadhepi bahaya ing kali lan bahaya saka perampok, wong-wong sing sak bangsa,+ lan wong-wong saka bangsa liya.+ Aku ya ngadhepi bahaya ing kutha,+ ing padhang belantara, ing laut, lan ing antarané sedulur-sedulur palsu. 27 Aku kerep rekasa lan nyambut gawé abot, kerep ora turu,+ ngelak,+ ngelih,* kerep ora nduwé panganan,+ kadhemen, lan kekurangan klambi.*
-