PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 16:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Yésus ngomong karo Pétrus, ”Simon anaké Yunus, kowé kuwi wong sing bahagia, merga sing ngandhani kowé soal iki dudu manungsa,* ning Bapakku ing swarga.+

  • Markus 4:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Kowé wis diwènèhi pemahaman soal rahasia suci+ Kerajaané Gusti Allah, ning wong-wong liyané mung dikandhani liwat perumpamaan thok.+

  • Éfésus 3:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Jaman* mbiyèn, Gusti Allah durung njelaské rahasia iki marang manungsa. Ning saiki, liwat roh suci, Dhèwèké wis njelaské rahasia iki marang para rasul lan para nabiné sing suci.+

  • 2 Timotius 1:9, 10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Gusti Allah nylametké awaké dhéwé lan milih awaké dhéwé dadi wong-wong suci.+ Kuwi dudu merga tumindaké awaké dhéwé, ning kuwi merga karepé Gusti Allah lan merga Gusti Allah apikan banget.+ Sifaté sing apikan banget kuwi diduduhké marang awaké dhéwé liwat Kristus Yésus kèt jaman mbiyèn. 10 Ning, sifaté sing apikan banget kuwi saiki wis kétok jelas wektu Kristus Yésus+ sing nylametké awaké dhéwé nduduhké kemuliaané. Kristus wis nyingkirké kematian.+ Liwat kabar apik,+ dhèwèké wis nduduhké marang awaké dhéwé carané isa éntuk urip+ lan badan sing ora isa rusak.+

  • 1 Pétrus 1:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Gusti Allah nduduhké marang nabi-nabi kuwi nèk nabi-nabi kuwi ora nglayani nabi-nabi kuwi dhéwé, ning nglayani kowé. Nabi-nabi kuwi nulis apa sing wis diwartakké marang kowé, sing mbok rungokké saka wong-wong sing martakké kabar apik nganggo bantuané roh suci sing dikirim saka swarga.+ Para malaékat péngin banget ngerti soal iki.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim