-
Filipi 2:29, 30Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
29 Mula, kowé kudu ngrasa seneng lan apikan wektu dhèwèké teka, kaya sing biasa mbok tindakké wektu murid-muridé Gusti teka. Kowé kudu terus nresnani sedulur-sedulur sing kaya ngono kuwi.+ 30 Dhèwèké nganti mèh mati merga ngabdi marang Kristus.* Dhèwèké ya toh nyawa kanggo ngurus kebutuhanku. Dhèwèké nggantèni kowé merga kowé ora ana ing kéné.+
-
-
1 Tésalonika 5:12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Saiki, sedulur-sedulur, aku njaluk bèn kowé ngajèni wong-wong sing wis nyambut gawé tenanan ing antaramu, sing mimpin kowé ngabdi marang Gusti, lan sing mènèhi naséhat marang kowé.
-