-
Kisah 20:18, 19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Pas para pinituwa kuwi teka, Paulus kandha, ”Sedulur-sedulurku, kowé wis ngerti dhéwé apa sing tak lakoni saksuwéné bareng karo kowé kèt dina pertama aku ing Provinsi Asia iki.+ 19 Aku ngupaya rendah hati kaya budhak wektu nglayani Gusti.*+ Aku ya ngrasakké sengsara nganti nangis-nangis, merga wong Yahudi nggawé rencana jahat arep matèni aku.
-