-
Lukas 18:10-14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 ”Ana wong lanang loro sing mlebu ing bait kanggo ndonga. Sing siji wong Farisi, lan sing sijiné manèh petugas pajeg. 11 Wong Farisi kuwi ngadeg lan ndonga ing njero ati, ’Gusti Allah, aku ngucap syukur merga aku ora kaya wong liya sing seneng ngrampok, sing ora bener, lan sing laku jina. Aku ya ora kaya petugas pajeg iki. 12 Aku pasa seminggu ping loro lan mènèhké sepersepuluh saka kabèh penghasilanku.’+ 13 Ning, petugas pajeg kuwi ngadeg ing kadohan, malah ndhangak waé ora wani. Dhèwèké terus nggebugi dhadhané lan kandha, ’Gusti Allah, tulung mesakké aku. Aku iki wong dosa.’+ 14 Kowé tak kandhani, wektu wong iki mulih, Gusti Allah bakal nganggep dhèwèké luwih bener timbang wong Farisi kuwi,+ sebab Gusti Allah bakal nggawé isin saben wong sing rumangsa hébat, ning bakal ngunggulké wong sing rendah hati.”+
-