PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Timotius 6:3-5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Nèk ana wong sing mulang soal ajaran liya lan ora setuju karo petunjuk sing bener,*+ sing asalé saka Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé, utawa nèk sing diwulangké kuwi ora nggawé wong-wong nduwé iman marang Gusti Allah,+ 4 wong kuwi sombong lan ora ngerti apa-apa.+ Dhèwèké seneng banget nggolèk masalah lan padu soal kata-kata.+ Kuwi nggawé wong-wong dadi iri, debat, mitnah, lan ora percaya karo liyané. 5 Kuwi ya nggawé wong-wong padu soal masalah sing sepélé nganti ora ana entèké. Kuwi ditindakké karo wong-wong sing ninggalké apa sing bener lan pikirané jahat,+ sing ngabdi marang Gusti Allah merga péngin nggolèk untung.+

  • Ibrani 13:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Aja gelem diapusi karo akèh ajaran sing béda. Sing bener-bener isa nguwatké kowé* yaiku sifaté Gusti Allah sing apikan banget, dudu panganan. Wong-wong sing mikirké soal panganan* ora éntuk manfaat saka kuwi. +

  • 2 Pétrus 3:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Mula, sedulur-sedulur sing tak sayangi, merga kowé wis ngerti soal iki, kowé kudu tetep waspada bèn kowé ora diblasukké bareng wong-wong kuwi nganggo ajaran palsuné wong-wong sing nglanggar hukum, merga kuwi isa nggawé imanmu dadi ora kokoh.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim