PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kisah 14:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Kuwi sebabé, nganti pirang-pirang minggu, nganggo wewenang saka Yéhuwah,* Paulus lan Barnabas terus kendel mènèhi kesaksian nèk Gusti Allah bener-bener apikan. Gusti Allah nduduhké nèk Dhèwèké bener-bener apikan nganggo cara mènèhi wong loro kuwi kuwasa kanggo nggawé mukjijat* lan nindakké perkara-perkara sing luar biasa.+

  • Kisah 15:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Wektu krungu kuwi, wong-wong sing ngumpul ing kono padha meneng kabèh. Terus, wong-wong kuwi ngrungokké Barnabas lan Paulus nyritakké akèh mukjijat* lan perkara-perkara luar biasa sing ditindakké Gusti Allah liwat wong loro kuwi ing antarané wong-wong saka bangsa liya.

  • Roma 15:18, 19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Aku ora bakal ngomongké soal apa sing wis tak tindakké. Ning, aku mung bakal ngomongké soal apa sing wis diomongké lan ditindakké Kristus liwat aku, supaya aku isa mbantu wong-wong saka bangsa liya bèn manut karo dhèwèké. 19 Wong-wong kuwi manut merga mukjijat+ sing ditindakké nganggo roh suciné Gusti Allah. Mula, ing dhaérah-dhaérah saka Yérusalèm nganti Ilirikum, kabar apik soal Kristus wis tak wartakké nganti rampung.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim