-
1 Korintus 4:11-13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Nganti saiki aku isih kelaparan,+ ngelak,+ kekurangan klambi,* digebugi,+ ora nduwé omah, 12 lan rekasa nyambut gawé.+ Wektu dirèmèhké, aku tetep apikan.+ Wektu dianiaya, aku tetep sabar.+ 13 Wektu difitnah, aku tetep alus wektu njawab.+ Nganti saiki aku dianggep kaya sampah ing donya iki sing dibuwang wong-wong.
-