-
Kolose 2:12, 13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Kowé dibaptis kaya dhèwèké, lan kuwi artiné kowé dikubur bareng dhèwèké.+ Gusti Allah wis nguripké manèh dhèwèké saka antarané wong mati.+ Merga kowé dadi muridé lan nduwé iman marang sing ditindakké Gusti Allah nganggo kuwasané, kowé ya diuripké manèh lan bersatu karo dhèwèké.+
13 Sakliyané kuwi, senajan kowé wis mati merga pelanggaranmu lan merga ora disunat, Gusti Allah wis nggawé kowé urip bèn bersatu karo Kristus.+ Dhèwèké wis apikan banget lan ngapura kabèh pelanggarané awaké dhéwé.+
-