-
Kolose 1:25-27Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Aku dadi abdi kanggo jemaat iki sesuai karo tugas sing diwènèhké+ Gusti Allah marang aku demi kepentinganmu. Aku saktulusé ati martakké omongané Gusti Allah, 26 yaiku rahasia suci saka Gusti Allah.+ Donya iki lan wong sing urip ing jaman* mbiyèn+ ora ngerti soal rahasia iki. Ning saiki, rahasia kuwi wis diduduhké marang wong-wong suci.+ 27 Gusti Allah seneng nduduhké rahasia suci sing luar biasa+ kuwi marang wong-wong suci saka antarané bangsa-bangsa. Rahasia suci kuwi yaiku Kristus bersatu karo kowé, lan kuwi artiné kowé nduwé harapan kanggo dimulyakké bareng dhèwèké.+
-