5 Muga-muga Gusti Allah mbantu kowé bèn sabar lan kuwat. Aku ya ndonga bèn Gusti Allah mènèhi kowé pikiran sing padha kaya pikirané Kristus Yésus, 6 sing isa nggawé kowé bersatu+ wektu ngluhurké Gusti Allah, yaiku Bapaké Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé.
10 Sedulur-sedulur, nganggo jenengé Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé, aku njaluk bèn kowé kabèh sepakat soal apa sing mbok omongké, lan aja padu.+ Kowé kudu nduwé pikiran lan pendapat sing padha.+