PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Timotius 4:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Ning, omongané Gusti Allah jelas ngandhani nèk sukmbèn ana wong-wong sing bakal ora nduwé iman manèh, ngrungokké omongan sing ora bener sing kétoké saka Gusti Allah,+ lan ngrungokké ajarané roh-roh jahat.

  • 2 Timotius 2:16-18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Ning, aja ngrungokké omongan sing ora ana gunané lan sing ngrèmèhké Gusti Allah,+ merga kuwi isa nggawé wong saya adoh saka Gusti Allah. 17 Omongan kuwi bakal nyebar kaya korèng. Himénéus lan Filétus termasuk wong-wong sing nyebarké omongan kuwi.+ 18 Wong-wong kuwi wis ninggalké ajaran sing bener lan kandha nèk wong mati wis diuripké manèh.+ Wong-wong kuwi wis ngrusak imané wong liya.

  • 2 Timotius 4:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Bakal tekan wektuné wong-wong ora ngrungokké ajaran sing bener,+ ning nuruti kepénginané dhéwé. Wong-wong kuwi bakal ngumpulké guru-guru sing mung ngomongké apa sing péngin dirungokké wong-wong kuwi.+

  • 2 Pétrus 2:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Jaman mbiyèn ana nabi-nabi palsu ing antarané umaté Gusti Allah. Ing antaramu ya bakal ana guru-guru palsu.+ Meneng-meneng, wong-wong kuwi bakal nggawé kelompok-kelompok agama sing ngrusak imanmu, lan malah ora ngakoni wong sing nebus* wong-wong kuwi,+ mula wong-wong kuwi bakal ndang disingkirké.

  • 1 Yohanes 2:18, 19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Anak-anak, saiki wektuné mung tinggal sithik.* Kowé wis krungu nèk sing nglawan Kristus* bakal teka,+ lan saiki wis ana akèh sing nglawan Kristus.*+ Kuwi sebabé awaké dhéwé ngerti nèk saiki wektuné mung tinggal sithik.* 19 Wong-wong kuwi mauné karo awaké dhéwé, ning wong-wong kuwi metu merga béda karo awaké dhéwé.+ Nèk wong-wong kuwi padha kaya awaké dhéwé, wong-wong kuwi mesthi isih ana karo awaké dhéwé. Ning, wong-wong kuwi metu bèn kétok jelas nèk ora kabèh wong padha kaya awaké dhéwé.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim