-
1 Timotius 6:13-15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Ing ngarepé Gusti Allah sing mènèhi urip marang kabèh lan ing ngarepé Kristus Yésus sing mènèhi kesaksian sing apik marang Pontius Pilatus ing ngarepé wong akèh,+ aku mènèhi petunjuk marang kowé 14 bèn kowé nindakké préntah iki. Kowé kudu tetep murni lan ora salah nganti wektuné Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé nduduhké kemuliaané.+ 15 Ing wektu sing ditentokké, Gusti sing kuwat lan bahagia kuwi bakal nduduhké kemuliaané. Dhèwèké kuwi Rajané kabèh sing mréntah dadi raja lan Gustiné kabèh sing mréntah dadi gusti.+
-