9 Aja sangu emas, pérak, utawa tembaga ing kanthong dhuwitmu.+10 Kanggo perjalananmu, aja nggawa kanthong panganan, salin,* sandhal, utawa tongkat,+ sebab wong sing nyambut gawé pantes nampa upahé.*+
6 Apa mung aku lan Barnabas+ sing ora éntuk mandheg golèk pangan? 7 Apa ana prajurit sing nindakké tugas nganggo ragadé dhéwé? Apa ana wong sing nandur anggur ning ora mangan buahé?+ Utawa, apa ana gembala sing ora ngombé susu sing dihasilké wedhusé dhéwé?