-
1 Timotius 1:3, 4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Mbiyèn, wektu aku arep mangkat menyang Makédonia, aku tau njaluk supaya kowé tetep manggon ing Éfésus. Saiki aku ya njaluk marang kowé kanggo nindakké sing padha, supaya kowé isa ngélikké wong-wong bèn ora nyebarké ajaran palsu, 4 ora nggatèkké crita-crita palsu+ lan daftar jenengé nènèk moyang. Kabèh kuwi ora ana gunané.+ Kuwi mung omongan sing ora isa dibuktèkké. Kuwi dudu saka Gusti Allah lan ora isa nguwatké iman.
-