-
Purwaning Dumadi 14:17-20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Sakwisé ngalahké Khédorlaomèr lan raja-raja sing dadi balané, Abram bali lan ketemu karo raja Sodom ing Lembah Syawé, yaiku Lembah Raja.+ 18 Raja Mèlkhizèdèk+ saka Salèm+ mènèhi Abram roti lan anggur. Mèlkhizèdèk kuwi imamé Gusti Allah sing Mahaluhur.+
19 Terus, Mèlkhizèdèk mberkahi Abram lan kandha,
”Muga-muga Abram diberkahi Gusti Allah sing Mahaluhur,
Sing nggawé langit lan bumi.
20 Muga-muga Gusti Allah sing Mahaluhur dipuji,
Sing wis nyerahké mungsuhmu ing tanganmu.”
Terus, Abram mènèhi Mèlkhizèdèk sepersepuluh saka kabèh jarahané.+
-