-
Purwaning Dumadi 14:18-20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Raja Mèlkhizèdèk+ saka Salèm+ mènèhi Abram roti lan anggur. Mèlkhizèdèk kuwi imamé Gusti Allah sing Mahaluhur.+
19 Terus, Mèlkhizèdèk mberkahi Abram lan kandha,
”Muga-muga Abram diberkahi Gusti Allah sing Mahaluhur,
Sing nggawé langit lan bumi.
20 Muga-muga Gusti Allah sing Mahaluhur dipuji,
Sing wis nyerahké mungsuhmu ing tanganmu.”
Terus, Abram mènèhi Mèlkhizèdèk sepersepuluh saka kabèh jarahané.+
-
-
Purwaning Dumadi 17:6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Aku bakal mènèhi kowé keturunan sing akèh banget. Kowé bakal dadi bapaké bangsa-bangsa, lan raja-raja bakal lair saka keturunanmu.+
-