34 Sapa sing isa ngukum wong-wong kuwi? Ora ana, merga Kristus Yésus wis mati kanggo wong-wong kuwi lan wis diuripké manèh. Saiki dhèwèké ana ing sebelah tengené Gusti Allah,+ lan dhèwèké njaluk kanggo awaké dhéwé.+
24 Kristus ora mlebu menyang Ruang Mahasuci sing digawé nganggo tangané manungsa.+ Kuwi mung tiruan saka Ruang Mahasuci sing asli.+ Ning, dhèwèké mlebu menyang swarga,+ lan saiki dhèwèké ngadhep Gusti Allah demi awaké dhéwé.+
2Anak-anakku sing tak tresnani, aku nulis iki marang kowé bèn kowé ora nindakké dosa. Ning nèk ana sing nindakké dosa, ana sing nulungi* awaké dhéwé, yaiku Yésus Kristus+ sing ana bareng karo Bapak lan sing nindakké apa sing bener.+