10 ”’Iki perjanjian sing bakal Tak gawé karo wong Israèl sakwisé wektu kuwi,’ kandhané Yéhuwah. ’Hukum-Ku bakal ana ing pikirané wong-wong kuwi lan bakal Tak tulis ing atiné wong-wong kuwi.+ Aku bakal dadi Gusti Allahé wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku.+