-
Purwaning Dumadi 27:38-40Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
38 Ésau kandha karo bapaké, ”Pak, berkahana aku. Apa ora ana berkah manèh kanggo aku siji waé?” Terus, Ésau nangis banter banget.+ 39 Ishak njawab,
”Kowé ora bakal manggon ing tanah sing subur, lan kowé ora bakal nampa embun saka langit.+ 40 Kowé bakal nggunakké pedhang saksuwéné uripmu,+ lan kowé bakal dadi budhaké adhimu.+ Ning, nèk kowé ora sanggup manèh, kowé isa bébas saka dhèwèké.”+
-