-
Pangentasan 12:21-23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
21 Musa langsung ngundang* para pemimpin* Israèl+ lan kandha, ”Jupuken kéwan enom* sing wis mbok pilih kanggo keluargamu, terus belèhen kéwan kuwi kanggo korban Paskah. 22 Bar kuwi, celupna sak iket hisop* ing getihé kéwan kuwi sing wis ana ing baskom. Cipratna getih kuwi ing kusèn lawang sisih kiwa, tengen, lan ndhuwur. Ora ana sing éntuk metu saka omah nganti ésuk. 23 Wektu Yéhuwah teka kanggo ngukum wong Mesir lan ndelok getih ing kusèn lawangmu sisih kiwa, tengen, lan ndhuwur, Yéhuwah ora bakal mlebu omahmu, ning omahmu mung bakal diliwati. Dhèwèké ora bakal matèni sapa waé sing ana ing njero omahmu.+
-