-
Para Hakim 14:5, 6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Mula, Simson mangkat bareng karo bapaké lan ibuné menyang Timnah. Pas tekan ing kebon anggur Timnah, ana singa nggero-nggero marani Simson. 6 Terus, roh suciné Yéhuwah mènèhi Simson kekuwatan,+ lan Simson nyuwèk singa kuwi dadi loro mung nganggo tangané kaya wong nyuwèk anak kambing. Ning, sing dhèwèké tindakké kuwi ora dicritakké marang bapaké lan ibuné.
-
-
1 Samuèl 17:34-36Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
34 Daud kandha, ”Raja, aku iki sing angon domba-dombané bapakku. Nèk ana singa+ utawa beruang teka terus nggondhol salah siji dombaku, 35 kéwan kuwi bakal tak oyak,* tak patèni, lan dombané tak slametké saka cangkemé. Wektu nyerang aku, wuluné* singa utawa beruang kuwi tak cekel, terus kéwan kuwi tak antemi nganti mati. 36 Abdimu iki wis matèni singa lan beruang. Wong Filistin sing ora disunat kuwi ya bakal mati merga wis nantang* pasukané Gusti Allah sing urip.”+
-