-
Danièl 3:23-25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Ning, wong telu sing ditalèni mau, yaiku Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo, nyemplung ing ruang pembakaran mau.
24 Terus, Raja Nébukhadnézar dadi wedi lan cepet-cepet ngadeg. Dhèwèké kandha marang para pejabat tingginé, ”Sing ditalèni lan diuncalké ing geni mau kan wong telu, ta?” Para pejabat kuwi njawab, ”Iya, Raja.” 25 Raja kandha, ”Kok aku ndelok ana wong papat sing mlaku ing tengah-tengah geni kuwi? Tangané ora ditalèni. Papat-papaté ora apa-apa, lan wong sing kepapat kétok kaya déwa.”
-