18 Wong Israèl krungu swara bledhèg lan trompèt lan ndelok kilat lan asap ing gunung kuwi. Wong-wong kuwi dadi ndredheg merga wedi banget, terus ngadeg ing kadohan.+ 19 Wong-wong kuwi kandha karo Musa, ”Kowé waé sing ngomong karo aku. Aja Gusti Allah sing ngomong, mengko aku isa mati.”+